Pages

opo karepmu

ya allah, kudu piye aku iki, karepe wong rabi kie tujuane ben iso langgeng sampek tuek, kok yo ra duwe pikiran ngunu, wong rabi kok pengene cerai,
ya allahhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhhh kudu piye aq iki
mben nesu ujunge2 kok njaluk pisah, njaluk kon mbalek ne neng wong tuek, omongane kasar2,
bojo2,
semakin diri ini mengerti lapo wong seng ketoe tentrem, anyem, amergo lanang wadon megawe tapi malah iso pisah, opo wong wadon lak megawe iki wes rumongso iso mandiri, iso urip dewe, ra butuh wong lanang, kok isone mben ngamuk ngomong koyok ngono, kon mbalekne neng wong tuo, aq kudu piye
aq salah bener panggah dewekne seng nesu, opo terae watak kaku kuwi ra kenek diubah, geleme bener ra gelem disalahne, lak diomongi malah nyalahne, malah golek alasan, bla...bla...bla, kapan iso intropeksi, sadar karo posisi lak derajane wong wadon lan bojo,
ora enek salahe wong pengen duwe, pengen koyok kanca2ne,
ora enek salahe wong ngimpi nduwe
ora enek salahe wong pengen nguweni kabeh seng di pengeni
tapi ilingo
sopo awak dewe, piye keadaane, piye statuse

salah terae aku, salah dadi wong melarat, seng ra iso  nuruti kabeh butuhe bojo, kabeh kepengene bojo,
angelmen nemukno toto coro piye carane ngomong sek penak, seng iso di terimo karo bojo, angel terae

akeh wong dadi musuh, dadi pisah mergo karepe ati, karo toto corone seng ra podo.
terus aq kudu piye, ngomongi di angget nyeneni, di lulu dianggep di kongkon, dielengne, dicegah kok jarene medit neng bojo,
terae luwih penak nekok  watu wojo, timbangane nempukne ati, terae luwih penak nyilemi jerune laut, tinimbang jerune karep, terae luwih penak nempukne langit lan bumi tinimbang nempukne 2 ati, 2 karep,
sabar ra enek watese, mugo2 aq dadi salah sijine, moto taker netes eluh mergo rong nemu coro kanggo ngelengne kan sek lali, mbenerne seng bengkong, ngelemesne kan seng kaku, lan ngademne kan seng panas, mugo2 sopo ae kan moco, yo iki anane atiku saiki, njaluk dungo lan sarane, opo seng kang kudu tak lakoni,
ben aq iso ngetokne gedene tresnaku marang bojoku,
ben aq iso ngetokne rabi kuwi ora mung dolanan, ora pantes ngomong kyok ngono kuwi mau
ben aq iso gambarne tresnaku marang bojoku
aq nesu, aq ngamok, ora berarti aq wes ra seneng, tapi mergo aq pengen seng luwih apik teko keluarga iki kabeh sampeo kaken ninen, ojo malah koyok ngene kie, mugo2 sak mlakune banyu sumiler teko gunung, bakal iso ndadekne keluarga iki seng tentrem sampek sak dowone urip. amin2

Anda sedang membaca artikel tentang opo karepmu dan anda bisa menemukan artikel opo karepmu ini dengan url http://generasi-extra.blogspot.com/2011/10/opo-karepmu.html.

Artikel lainnya selain "opo karepmu"

: